B. Daerah

Pertanyaan

surat pribadi untuk teman sebaya, menggunakan bhasa jawa (SD)

1 Jawaban

  • Kanggo kancaku, Siti
    Ing Jl. Mayor Bismo, 464, Kediri

    Sit, piye kabarmu?

    Awakku apik-apik wae. Tak dungakno kowe lan kluargamu pisan.
    Sit, aku wis wektune prei. Kowe pisan to? Tak dungakno rapotmu apik, ora onok biji abange. Rapotku biji abange akeh. Dungakno ae munggah kelas.
    Sit, wis suwe awak'e dewe ora cetuk.
    Ket kowe alih omah nyang Kediri, rasane Bangil sepi mamring.
    Aku pengen cetuk kowe.
    Sit, prei'an iki, aku arep nyang Mbah Kakung ing Tulungagung.
    Kediri iku cidek Tulungagung to?
    Kowe gelem nginep ing mah'e Mbahku?
    Lek gelem, omongo yo.
    Muga kowe gelem.
    Wis, sak mene disek layang teka awakku.
    Tak enteni layang teka awakmu.

    Teka kanca sing paling sayang kowe,
    Rina

Pertanyaan Lainnya